Mukidi Tekan Akhirat
Suwe urip nang dunya, Mukidi mati njuk dikubur.
Suwe nang kuburan, Mukidi njuk tangi digugah.
Akhire Mukidi tekan akhirat.
Melu baris antri itung itungan.
Malaikat loro nekani Mukidi.
"Sampeyan Mukidi?" takon Malaikat sing siji.
"Njih Mas Malaikat"
"Nang catetanku, sampeyan solate sering telat, jamangah maring mesjid mung kala-kala"
Mukidi pucet, "Nggih Mas Malaikat, kula asringe pas adzan saweg mbecak"
"Confirmed, tulung ditandani" ngendikane Malaikat siji nyang kancane.
"Sampeyan ki pasane bolong-bolong" Malaikate takon maneh.
Mukidi kemringet, "Nggih Mas Malaikat, bada niku kebetahane bojo lan lare kathah, menawi kulo mboten mbecak mboten gadhah yatra, nek mboten gadhah yatra mboten bada"
"Woo, lah kan bisa diganti dina liyane?" Malaikate takon.
"Dinten liyane kula nggih mbecak" wangsule Mukidi.
"Dak catet ra pasa ya? Tandani meneh wong iki" jare Malaikat sing siji.
Malaikate nerusake "Sampeyan ki nang catetanku ra tau jakat ra tau sodakoh"
Mukidi meneng, njuk angsulan kanthi lirih "Kula mboten gadhah bandha Mas Malaikat"
"Mesthine ya sampeyan durung kaji?" takon Malaikat
"Nggih Mas Malaikat," Mukidi tambah lirih.
"Ana meneh iki, sampeyan pas kumpul kanca-kanca tukang becak kecatet sering ngrasani wong sugih lan pejabat politisi. Kuwi jeneng ghibah. Piye kuwi?"
Mukidi mung meneng, mripate kebanyon.
"Ana meneh iki, senenge nyamber pelem pinggir dalanā¦."
"Iki yo menehā¦"
Mukidi wis ra keprungu swara Malaikat.
Isone mung mrebes mili, njuk banjir tangis.
"Kula nyuwun pangapuntene mas Malaikaaat" Mukidi gero-gero.
Mukidi ambruk gero-gero nyekeli sarunge Malaikat kambi sarunge ditarik-tarik.
"Eh lah, hus hus, iki lho sarungku kok ditarik-tarikā¦" jare Malaikat.
Ujug-ujuh saka ndhuwur suara kang agung keprungu,
"Wis Mukidi, ra sah kakehan drama. Ingsun ki ngerti sampeyan nan dunya kere"
"Wis mangkat rana, ndang mlebu suwarga"
Tangise Mukidi tambah seruā¦